Wednesday, May 09, 2007

Nostalgia

Aku jik kelingan pas bayi, rung iso ngomong, aku duwe dolanan sing digandhulke neng ndhuwurku. Iso mubeng-mubeng, warnane biru. Aku kelingane pas bulikku arep ngurupne dolanan kui, rekane arepe ndholani aku, ning bulikku raiso le ngurupne. Wis mik kui thok! Lha jik cilik. Lha wong ulangtaunku sing ping pisan ae aku ra eling. Retine seko foto. Cilikanku jare nakal banget. Mbuh nakal ngopo, wong aku dewe lali.





TK
Wedi aku sekolah. Aku mik neng mburine simbahku po bulikku ae. Mbuh kenopo. Opo kui nok kampunge mbahku. O iyo, mbahku dalemme malah neng kutho. Aku dewe neng ndeso. Kuwalik ra! Akhire aku pindah nok TK cedak omahku. Neng kono aku mangkat po mulih sekolah ro konco-konco desoku. Mik wong loro mlaku thimik-thimik tekan sekolahan. Aku rat au nggowo sangu panganan pas TK, padhal kabeh koncoku do nggowo nganggo wadah sing apik-apik. Dadi pas istirahat aku pingin banget! Hihihi….

SD
Kelas loro SD aku meh mben dino di setrap nok ngarep kelas. Mergane ratau nggarap PR! Mbendino kui! Edian ra?! Opo meneh PR matematika. Wah jan wes mesti ra tak garap. Gurune wedhok. Ayu tur judes. Galak banget. Opo mergo aku ratau nggarap PR yo? Saking galake aku nganti lali jenenge! (hubungane ki opo?!)
Nganti wong tuwoku diundang ro guruku kui ping bola-bali. Wes ngono yo tetep rat au nggarap PR meneh. Karang yo ngglidhik! La yen ono PR ki raiso dolan wengi jhe. Dhelikan po dolanan sepaksekong bengi-bengi ki rame!

O hooh… SD neng Adisucipto 3. Saiki jenenge wis ganti dadi SD Angkasa. SD ku mlebu komplek AURI. Dadi aku wes ra gumun meneh ro sing jenenge pesawat! Ndhisik kerep banget dolan neng musium pesawat neng AURI. Ra tau mbayar… mlebune ndhelik-ndhelik! Aku west au numpak pesawat opo ae. Helikopter perang uwis. Pesawat cilik uwis. Jet uwis. Opo ae! Malah aku sing nyupiri! Ning yo kui… raiso mabur! Karang yon eng njero musium jhe. Saiki pesawat sing neng musium do dikunci. Dadi wis raiso mlebu neng kokpit meneh!

Aku kerep adus kali. Uripku neng ndeso. Pas aku cilik raono kui Playstation (PS) lha wong TV ae onone mik TVRI. Kui ae mulaine jam setengah papat sore. Aku sih kelingan jam setengah papat sore mesti do malit neng ngarep TV nonton kartun Kura-kura Ninja, Tantangan Gobot, Flinstone lan sak piturute. Ning dolananku akeh. Malah akeh sing nggawe dewe. Pesawat nggawe dewe. Iso mabur meneh. Mobil-mobilan yo gawe dewe. Iso ditumpaki meneh. Pokoke opo-opo gawe dewe. Luwih kreatiflah cah-cah kui! Malah okeh permainan sing medeni neng pinggir perengan. Aku dewe yen ngeling-eling malah wedi dewe. Kok yo wani ngono lho aku ndhisik! Padhal dhuwur biangeti!
Bar adus kal mesti diseneni ro bapak. Soale kaline kerep reget.

Pas SD kerep dolan neng komplek. Koncoku okeh sing anake pilot. Neng komplek podo nggolek jambu, pelem, rambutan opo woh-wohan liyone. Sok yo nembung bener. Ning sok-sok o nyolong! Karang jik cilik. Yen ray o dolan neng sawah po adus kali kui mau. Nggolek ceplukan trus dipangan bareng cah-cah. Rameee banget! Pokoke nyenengke. During mbedholi kacang tonggone po mbedhol telo trus dibakar neng pinggir kali.

SMP
Ngepit aku mben dino. Trus kelas telu agi numpak bis. Lha kancane ngepit wis mulai entek. Saiki sekolahku rodo kutho. Neng SMP Muhammdiyah Kolombo. Edian! Malah neng Kolombo! Luar negeri! Lha hooh luar negeri… karang SMP-ku swasta! Lha kolombo kui?
Kolombo kui neng Gejayan. neng kono ono daerah jenenge Kolombo… Reti rak?!
Nenh SMP aku yo raseneng matematika. Guru matematika kok mesti galak-galak yo? Soale angel-angel! Ngitung kabeh! Lha iyo… karang jenenge yo matematika! Yen jahit menjahit kui nggawe klambi!

SMA
Pas iki nyenengke banget. Kok yo mik telung taun yo jaman SMA ki! Yen pitung taun mesti do podo gelem kok cah-cah! Penak pas SMA. Edan bareng. Ngguyu bareng. Koyone pas SMA ki ratau sedih. Yen loro raiso mlebu ki koyone rugi banget ra ketemu cah-cah. Yen prei dhowo ki yo koyone ra penak. Mending mlebu nggarapi gurune po kancane malah seneng.
Jaman iki sing aku mulai reti sopo tho aku iki. Jaman iki okeh mempengaruhi dadi awakku sing saiki koyo ngeneki.
Wah… yen tak critakne mesti duuoooooowwwuuooooooo….. biangeti! Okeh senenge. Mending suk ae yen ketemu ya!

KULIAH
Pas mlebu pertama sempat frustrasi! Stress! Soale seko jaman SMA sing edan-edanan, ketemu roc ah UGM sing podo serius! Ning kui lagi pandangan pertama lho! Mbareng rodho suwe jebhul yo malah podo ediane!! ASEMIK!
Crito jaman kuliah wis tak critake neng ngisor kae, sing judule “Passivist”.

SAIKI
Saiki kuthoku wes bedho. Akeh sing mbangun. Okeh moll! Wes nggantheng! Mik saiki malah podho Jakarta! Sawah sing ndhisik kerep tak dolani saiki wis dadi hotel sing jembar! Mburi omahku sing ndhisik yo sawah jare yo arep dadi perumahan. Maioboro macet. Malah kabeh dalan sing neng ngarep moll saiki podo macet. Wes arang wong sing nongkrong neng ankringan. Omahku sing ndhisik neng ndeso saiki wes neng tengah kutho! Mugo-mugo Jogja ra lali karo awake dhewe. Mugo-mugo Jogja ra dadi koyo Jakarta, mboseni!

Ning aku seneng karo uripku.
Yen dilahirke meneh, aku tetep pingin dadi aku. Sing pingin tetep pingin bali neng Jogja!

2 comments:

GaJeboW said...

klo mo kuw baca harus bahasa endonesa!!..gw pan pecinta cerpen u gw akan sangat amat kecewe..(alias marah..awas loh, ga boleh duduk di meja gw lagi!!)..hidup copywriter!!( penulis kopi..)huhuhu..

Anonymous said...

Setelah minta bantuan native speaker (he..he) akhirnya ngerti juga cerpen nostalgia ini. Masa kecilnya seru banget. Mungkin gara-gara kreatifitas masa kecil ini yang bikin seorang Dhanan langganan menang lomba iklan dan poster..he..he. Wah, ternyata kita sama-sama gak suka yang namanya matematika..nyebelin emang tuh!